Sabtu, 08 September 2018

Curhatan Edisi Bahasa Jawa

Nyatane Aku Durung Siap Bali

(Curhatan anak ragil saka gunung desa)


Saupama aku curhat ning kene ora apa-apa ta?
Crita iki mung kanggo nyampekake apa sing dadi pamikirku lan apa sing dakrasa. Dadi  mahasiswa tingkat akhir sing wis “kadaluarsa” alias sedhela maneh lunga saka kampus, amarga wis wayahe wisuda dadi sarjana. Ingatase kabeh sing ngalami iku bakal semedi lan mikir, apa awake dhewe kabeh iki bener-bener wis siap bali?
Bali ngendi? Ya sing paling cetha bali kampung, mulih ngomah menyang wong tuwane dhewe-dhewe.
Wektu patang nganti limang taun kuwi itungane ra sedhela kanggo kuliah (yen ora andang lulus ya pitung taun). Sawetara pirang-pirang taun kuwi kudune wis ngerasakake kepenak urip menyang kutha. Ora perlu kutha sabrang kulon kana, kutha kene wae kaya sing daknggoni, Solo, Jogjakarta lan Semarang. Ngrasakake kutha sing reja, transportasi gampang, wifi lancar, lan kebutuhan sembarange kepenak. Tur babagan golek pegawean sing mbutuhake ijazah sarjana, luwih gampang iya menyang kutha. Nanging saiki aku mikir, apa bisa ya aku nglakoni urip kepenak upama aku bali desa?
Apamaneh, upama aku sida bali desa, aku arep ngapa?

Foto by gempursafar.blogspot.com

Kuwi sing dadi tetenger perkara mahasiswa “kadaluarsa” kaya aku iki.
Nyambung perkara bali, mesthi antarane kowe-kowe kabeh ana sing dadi anak ragil. Dadi anak keri dhewe, duwe kakang lan/utawa mbakyu, mesthi bakale krasa digandholi bapa biyungmu. Anak ragil iku kasunyatane ngenes, utamane ing wayah saiki, wis amen dikon bali omah kat durung ketara “hilale” lulus sarjana. Alasane mung siji, nggo njagani bapa biyunge ingkang sampun sepuh yuswane.
Pamikirku, anak ragil iku dudu wegah tur ora gelem, nanging sing kudu dingerteni nggo kowe kabeh, anak ragil iku duwe kapengenan isa nyambut gawe menyang kutha kayata kakang mbakyune. Pepengenan iku mesti ana ta? Apamaneh wis duwe ijazah sarjana lho…



Foto by wikipedia 

Asline, anak ragil sing kreatif mesthi bisa survive ning desa sing minim banget pegawean kang mbutuhake ijazah sarjana. Senajan mangkono, nanging kowe kabeh kudu ngerti, kepiye yen upama langsung bali desa tanpa duwe pengalaman lan modhal? Modhal niat thok oke, pancen bisa, nanging yen ora nduwe modhal bandha, pengalaman lan pergaulan, bakale tetep ora mlaku apa pangarepane ana desa. Senajan, ora kabeh perkara kudu diaji modhal bandha.



Foto by jitunews

Ing jaman sing tansaya maju ngene iki, sarwa ora pesthi tur ekonomi angel (kandhane geng sebelah krisis ekonomi, US$ mundak, rakyat saiki susah), kuwi awake dhewe sing dadi generasi muda kaum mahasiswa “kadaluarsa” saktenane kudu sinau manajemen keuangan pribadhi wiwit awal. Amarga wis dadi budaya kat biyen, wis lulus iku padha karo sampun boten saged salaminipun ngathung dhateng tiyang sepuh.
He, he, he…
Ngertiya, golek gawean lan mbangun usaha kuwi mesthi butuh modhal finansial lho. Ora usah dakreka, mangga direka dhewe.
Dadi piye cah, rek, kanca, dulur? Apa awake dhewe kabeh saktenane wis siap bali? Aku dhewe isih kepengen dumunung ning kutha, ora ngerti setaun, rong taun, apamaneh nganti limang taun suwene. Sedyaku arep golek modhal dhuwit, ketrampilan, pengalaman lan pergaulan sing sesuk mesthi bisa dakgawa yen tiba wayahe aku bali desa. Kuwi kabeh kanggoku dadi ikhtiyar, kareben wayah aku bali desa aku bisa mandiri, senajan wong tuwa mesthi ana sambat, nesu, mutung, ora ngewehi restu lan sapiturute.  
Lek kowe kabeh kepiye cah…? 

Ide dan penulisan awal oleh : Ayunda Fitri UM
Review tata bahasa dan kosakata oleh : Suprayitno Fitra BP
Motivasi dan Promosi oleh : Bunga Astana

Ditunggu kritik dan saran yang membangun
Fast respon bisa langsung ke Ayundav3@gmail.com atau wa bit.ly/chatayundav3

Tidak ada komentar:

Posting Komentar